Kawula asung sembah pangabekti
konjuk dhumateng Pangeran Sejati
lepat punapa tinitah jalmi
datan kwasa milih saderma nglakoni

Karahayon wus ana kang paring pepeling,
kang nembe dipecaki buntu wusanane,
enggala bali myang kajaten,
mumpung sunaring purnama,
sumrambah paring pepadhang,
yen wus kalimputan mendung nggameng,
sira gampang nyasar lan disasarake,
jebul kang jembar katon gilar-gilar,
satuhu marga kang dudu

Rina wengi tansah dangu,
manungsa tanah jawi anglangut,
ngarep-arep jejere adil,
yaiku manungsa kang nora bisa nampa kawruh nyata kasunyatan,
nyatane yaiku wong kang wening wis tumeka,
ngarepake kang ngarep-arep,
yaiku manungsa kang angsal piwulang suci

Durung turu yen durung tangi,
durung napak lemah yen durung weruh esuk, awan, sore kalawan bengi,
tangeh tangi yen mung dibisiki,
mokal obah diiming-imingi,
turua kaya turune tetuwuhan,
tangia kaya angga-angga nemu mangsa ing pabaratan

Konjuk Ngarsa Dalem Pangeran kita Ingkang Sejati
kawula nyuwun sabda,
lebur sedaya dosa ingkang sampun dilampahi
luputa saking sedaya panggodha
tuwin tinebihna saking sedaya piawon