SANG PRAJAKA

Sang Prajaka andon laku angulati serat pangruwating papa nistha

Sang Prajaka marak ing pisowanan Palenggahan Sang Naga; angudari kekesing ati, duhkitaningtyas kang tanpa upami.

Pangrantes kang wus sundul ngawiyat, tangising ati tansaya ora kuwat ngglawat, nggereng-nggereng dada krasa mengkap-mengkap.

Kadya layung-layung jingga ing brang kulon, kaya mangkono susah penggalihe Sang Prajaka.

Kasangsayane manungsa ing ngarcapada anandhang papa cintraka, ketungka praptanira pagebluk kang luwih dening nggegirisi.

Kabeh manungsa wis

ora duwe sirah amung gembung mlaku pating bilulung, cinaplok dening naga lan macan sirahe.

Naga kinarya aji, mahanani ngelmu utawa agama.

Macan kinarya arya, mahanani kekuwasaan, dhuwit lan nafsu kamurkan.

Wis ora ana manungsa amung bathang angucap jisim lumaku.

Sanadyan katon blegere lengkap nanging wis ora ana fungsine.

Duwe mripat wis ora bisa kanggo mulat…

Duwe kuping wis ora bisa kanggo angrungu…

Duwe tutuk wis ora bisa kanggo micara…

Duwe irung wis ora bisa kanggo ngganda…

Bedane wong urip karo mati kuwi ana ing rasa, sanadyan isih ambegan, mloka-mlaku ning wis padha ora duwe rasa.

Manungsa sirah urang lumampah baris tut wuri dening barisan jerangkong.

Aweh sasmita manungsa wis malih kaya urang, wis ora duwe uteg, ngalor-ngidul anyunggi tai. Dene barisan jerangkong minangka pralampita menawa manungsa wus kelangan akal budi, utege garing kari cumplung nyengingis agawe miris.

Brantaning ati kalangkung perih, anangis sru Sang Prajaka atur uninga :

Duh Jagad Dewa Bathara konjuk atur kawula mugi katarima,

Sun gugat karsa tiwikrama

Ambengkas sagung angkara

Samya rusak darbewala

Kasirnakaken langkung prayoga

Aris amrabawa Surya Wicaksana paring sabda :

Naga amoksa sapta bawana

Manekung puja hardha sangara

Brantayudha tangeh rampunga

Meksa jurit pecahing jaja wutahing ludira

Sarana sanga harsa amemulya

Panandhang papa cintraka

Kumelun dupa ratus kemenyan handayani sumusuping rasa jati

Ohm awighnam astu astu astu mahastungkara

Hining maliyat sagedhining

Rasa mulya rasa mardhika

Jawata manuksma jagad pramudhita

Manunggal Gusti myang kawula

Gumelaring jagad jumbuhing jagad kita

Ingsun wus aparing sabda

ANGULATANA SERAT PANGRUWATING PAPA NISTHA

45 tanggapan untuk “SANG PRAJAKA

      1. Ini kisah tahun 1970 an..yang merupakan adaptasi cerita perjalanan ke barat biksu tong (sang Prajaka) ditemani murid murid nya diantara nya adalah Wersiswa ( kera salti, Sun Gokong), demalung (muka babi) dan Gamel Gutheng…Ngupaya (perjalanan ke barat mencari) Kidung Pangruwat Papà (syair atau ajaran untuk membebaskan manusia dari sangsara)..

  1. Ya ALLAH jadikan pemilik blog ini manusia pilihanMU yang berkeyakinan bahwa bumiMU yang terhampar luas adalah masjid baginya, kantornya adalah musholahnya, meja kerjanya adalah sajadah,

    Kemudian fungsikan setiap tatapan matanya penuh rahmat dan kasih sayang sebagai refleksi dari penglihatanMU, jadikan pikirannya husnuzhan, tarikan napasnya tasbih, gerak hatinya sebagai doa, bicaranya bernilai dakwah, diamnya full zikir, gerak tangannya berbuat sedekah, langkah kakinya jihad fi sabillillah.

    Selamat hari raya IDUL ADHA …

    RINDU a.k.a ADE

    **********
    AMIIEN.. 😀
    terimakasih doanya ADE, selamat Idul Adha,semoga kita sungguh2 berQURBAN SEJATI mengendalikan diri dari segala nafsu
    makasih sekali lagi, baru kali ini dapat kiriman doa dari teman di jagad maya 😀

    1. amien,,yaa mujjib,,?? ikut dalam perang malah kalah,,?? wah gmn isa menerima,,,??
      ANTASENA,,,

  2. salam dari bandung
    saya suka membaca artikel anda, banyak kata menyimpan jejak..
    di negeri para bandit dimana parakoruptor tersenyum manis menunggu vonis, keadilan bukan milik kaum lemah
    artikel terbaruku ………….. perempuan pemberani
    http://esaifoto.wordpress.com

  3. ANGULATANA SERAT PANGRUWATING JIWA
    CUMONDHOK ING ROSO RASANE ROSO

    ROSO SEJATI = SEJATINING ROSO
    YOIKU
    ROSO LAN RUMONGSO
    ROSO ORA NDUWENI

    EKAPRATIWI PUTHUNE MBAH MARIJAN .. ROSO-ROSO

  4. Pun wejang rinaras kidung
    Lam laming Bawana ari
    Manoni jagad mur endah
    Risendheng wimbaning rawi
    Bang mrugari sasmiteng Ryang Dewangkara
    Duk arsa mrapditeng Bumi
    Manglong luhuring ngacala
    Maweh sengseming dumadi
    Jagad kebekan raras rum
    Lalangen sru milangon mradapeng tara tumejo
    Puspita mbabar ganda arum
    Mrih baline Nuswantara
    Dumadi aji saha adining Bawana

    sedikit menyitir wejangan dari Begawan Abiyasa kepada Pandawa, harapan yang sama untuk mengatasi kondisi saat ini …semoga !

  5. Prana putek kapetek ngranuhi,wiyoganing batos, raosing tyas karaos kekese, taman bangkit upami nyelaki, rudah gung prihatin, nalangsa kalangkung
    Jroning kingkin sinalamur kang tinulis prapteng, kang sinung nawalaning Kadhang T. Arjunanta,
    cipteng nala ngupaya lejare, tar len muhung mrih ayeming galih
    Aywa kalantur sedih, pinangka panglipur
    dahat pra maos sadarum…

    Sugeng Warsa Enggal 1 Sura 1942 taun je.
    Dinten senen legi 29 Desember 2008.

    Rahayu wiujeng
    Sabdalangit’s Web

  6. pamedaring warsitaning ati…
    cumanthoko waniru pujangga
    dahat mudho ing bathine
    nanging kedhah ginunggung
    tan weruh yen hangekes sepi
    hamekso hangrumpoko
    kosok kang kalangkur
    tutur kang katulo tulo
    tinalaten rinurut lawan ririh

    **********
    Rasaning tyas kayungyun
    Angayomi lukitaning kalbu
    Gambir wanakalawan hening ing ati
    Kabekta kudu pitutur
    Sumingkiring reh tyas mirong
    :mrgreen:

  7. Pada mulanya adalah sabda, Sabda itu bersama-sama dengan Allah, dan Sabda itu adalah Allah, Ia pada mulanya bersama-sama dengan Allah,segala sesuatu dijadikan oleh Dia dan tanpa Dia tidak ada sesuatupun yang telah jadi dari segala yang dijadikan, dalam Dia ada Hidup, dan hidup itu adalah terang manusia, terang itu bercahaya di dalam kegelapan, dan kegelapan itu tidak menguasainya, datanglah seorang yang diutus Allah namanya Yohanes, ia datang sebagai saksi untuk memberi kesaksian tentang terang itu, terang yang sesungguhnya yang menerangi setiap orang sedang datang kedalam dunia dan dunia tidak mengenalnya, ia datang kepada milik kepunyaannya tetapi orang-orang kepunyaanya itu tidak menerimanya, tetapi semua orang yang menerimanya diberinya kuasa supaya menjadi anak-anak Allah,yaitu mereka yang percaya dalam namaNYa.Ia bukan terang itu tetapi ia harus memberi kesaksian tentang terang itu, terang yang sesungguhnya yang menerangi setiap orang sedang datang ke dalam dunia dan dunia tidak mengenalnya,ia datang kepada milik kepunya-anya tetapi orang-orang kepunyaanya itu tidak menerimanya,tetapi semua orang yang menerimanya diberinya kuasa supaya menjadi anak-anak Allah yaitu mereka yang percaya dalam namaNya orang yang diperanakkan bukan dari darah atau dari daging bukan pula secara jasmani oleh keinginan seorang laki-laki melainkan dari Allah Sabda itu telah menjadi manusia dan diam diantara kita dan kita telah melihat kemulya-anya, yaitu kemuliaan yang diberikan kepadanya sebagai anak tunggal Bapa penuh kasih karunia dan kebenaran.

  8. ( ora duwe sirah amung gembung mlaku pating bilulung, cinaplok dening naga lan macan sirahe ) iku kahanane manungso sing ra percoyo Gusti Yesus, manungso tetilase Gusti kang moho agung , ateges gambarane Gusti, ora kabeh manungso koyo mangkono, hamung iman marang Yesus sing ndadekake manungso ngalampahi kasampurnan. rahayu

  9. Saudara Hadi menulis:
    (ora duwe sirah amung gembung mlaku pating bilulung, cinaplok dening naga lan macan sirahe ) iku kahanane manungso sing ra percoyo Gusti Yesus….

    Yang ente kutip itu nggak cocok dengan apa yang kamu sebut dengan iku kahanane manungso sing ra percoyo Gusti Yesus….

    Siapa itu Gusti Yesus ………….
    Kalau ngutip jangan sepotong-potong

    1. lakuning manungsa kang sangsaya nista kaya mangkana mau amarga ninggalake perkara loro yaiku Kitabulloh (Al Qur’an) lan Al Hadist. ayo padha lumayu marang Gusti kang akarya jagat, kang Murbeng dumadi kang maha welas lan asih. supaya kita oleh damar pepadhang anggone lumaku ing salumahe bumi kanggo golek banyu bening minangka sangu mulih menyang kaswargan, bali marang kang gawe urip lan bisa manunggal lawan gusti.

  10. Kagem sing kagungan seratan,
    Buku “Sang Pradjaka” terbitan Djajabaya 1967 wus suwe tak goleki, sinten nggih sing isih kagungan?

    1. Walaah Mas Goesboed yth. kula ugi madosi buku menika sampun danguuuu mboten pinanggih. amargi kula madosi menika rumiyin dumugi sak menika… anggenkula maos buku “kutu loncat” mboten urut…. kula maos kinten-kinten tahun 1970….. kula sampun dumugi cariosipun “Tikusipun Sang Maha Dwija ingkang dados Siluman, lan mbegal lampahipun Sang Prajaka……. terus tahun 1980 an kula maos malih inggih pating cruwil wonten majalah Jayabaya cerita bersambung. lha radi marem menika ningali film Biksu Tong wonten TV… nggih namung kangge jampi kangen kemawon senajan cariosipun radi benten kaliyan carios Sang Prajaka….. Kathah saking pembaca Jayabaya ingkang nyuwun supados dipun bukukan kembali nanging ngantos sapriki inggih kula mboten mangertos kados pundi kabul kawasananipun…… iBuku buku ngkang rumiyin, penjilidan mboten ajeg tebal tipisipun buku, saengga kathah para pembaca ingkang membacanipun kados kula “kutu loncat” benten kaliyan buku silat saking Kho Ping Hoo, Bende Mataram saking P. Herman Pratikta, utawi komik wayang saking RA Kosasih kaliyan Taguan Hardjo tebal penjilidan buku racak sami. Dados menawi kemutan buku menika kangen-kangen jengkel…….dados kula ugi dereng maos wiwitanipun Wresiswa kaliyan Gamel Jlitheng wiwit tumut nderek dados anggota Team Sang Prajaka……menawi Demalung ingkang tumis saha Kuda Naga Wahana dados anggota team taksih enget dedonganipun….

  11. Mas tomy, swargi bapa kula nate gadhah bukunipun udakara th 1970an, digoleki pas pulang kampung wingi ra ketemu…wah jan jempolll sing nganggit, yen njengengan maos kadi diajak melebu mring alaming lelembut. Lho lajeng seratan mas tomy niku mundut saking pundi?

  12. tulisan kula menika saking wigatos ingkang kula tampi nalika kula nembe olah rasa sokong pamuji adeging nagari, kepanggih kaliyan ghoibing Rama Supriyadi, PETA Blitar, ingkang ngagem asma BAPAK, Badan Asli Pambudidaya Amal Kebutuhan
    mugi buku menika enggal kepanggih lan kula saged ndherek ngaji jati diri saking mriku 😀

  13. tanganku malah koyok capit,,,lan dwe sungut,,?? tp mlampahe kok rodo miring zua,,,?? hawane pengen neng banyu,,?/

  14. wong neng dunto ki saiki do podo cakil ,,cakil,,kabeh owk,,?? malah sifate do podo pukil,,,kil,,kil,,kill.

  15. Walah, simbah salah mlebu iki, sing dak goleki sang Prajaka budal menyang gunung empyak jagad nggoleki Serat Pangruwating Papacintraka je…

    Malah keblasuk mlebu mrene…nuwun sewu Den Mas.

    Ha injih punika jaman sampun benten kaliyan jaman dhuk hing nguni, badhe kadospundi malih…
    Waleh2 punapa, sampun trep kaliyan jangkanipun Sang Prabu DJAYA BHAYA dhuk hing nguni…

    Namung kita kedah enget “beja bejaning wong kang lali isih luwih beja uwong kang eling lan waspada”

    Nyumanggakaken…kula noknon…

  16. DUH PARA PRIYAGUNG SADAYA, MENAWI SAGED KULA BADE NYUWUN PRIKSA, SINTEN INGKANG KAGUNGAN BUKU SANG PRAJAKA, KULA REMEN SANGET MENAWI WONTEN INGKANG KERSA MBAGI BUKU MENIKA, KULA TASIH KEMUTAN NALIKA KULA TASIH ALIT, KULA SAMPUN MAOS BUKU MENIKA, LAN RUMIYIN INGKANG NERBITAKEN MENAWI MBOTEN KLENTU SAKING DJOJOBOJO, SEPINDAH MALIH SINTEN INGKANG TASIH KAGUNGAN MBOK SAGETO, MARINGI KULA WARTOS LAN KULA SAGAH NGGANTOS KANGGE LINTUNIPUN NGOPI, NUWUN

  17. maaf, mau tanya, kalo saya pengen beli bukunya sang prajaka dmana ya?soalnya ini, pakdhe sya suka sekali sma cerita itu, dlu pakdhe sya dpat bku critanya dr mbah kakung sya,.. matur nuwun sebelumnya

  18. menawi mboten klentu wonten episode Ngupaya Serat Pangruwat papa, Ngidam gadon ati Prajaka, lan Uyup-Uyup Sambung Umur. Nate kababar ing Kalawarti Minggon Jaya Baya. Mangga menawi wonten ingkang ngleresaken. Sembah nuwun.

  19. Ngupaya Serat Pangruwating Papa, wah dulu punya bukunya tapi lantas hilang…buku mungil seukuran saku tapi ceritanya istimewa banget, menceritakan perjalanan Sang Prajaka menuju Tanah India didampingi ketiga muridnya yang badung : Wresiswa, Demalung dan satu lagi yang membawa sapu garu aku lupa namanya, selalu diganggu aneka jenis siluman namun karena tekad baja agar sampai di tujuan ( gegayuhan ) maka semua hambatan itu selalu berhasil disirnakan.

  20. Mohon informasidimana dan bagaimana saya bisa memperoleh buku itu ya….. Terima kasih atas perhatiannya.

Tinggalkan komentar