RINENGKUH

picsart_12-08-05-38-07

Dalu cumondhok ing galih,

Geter kalbu kagubel raos sih,

Yagene meksa gemang nlesih,

Saikine poyang-paying kabuncang perih.

Nadyan kuwasa ngripta wileding ukara,

Tangeh bisa selak ing rasa,

Lamun arsa kagawa ngulandara,

Mendah nora kondur cinancang ndriya.

Wus manuta rinengkuh asmara,

Sesandhingan tumuli wredha,

Kawuningana sajroning tresna,

Jatining warnamu kang tuhu mulya.

13 tanggapan untuk “RINENGKUH

  1. Sangang taun kawuri
    Esemu tansah angujiwat
    Mbeda ati kang brantasmara
    Nimas……..
    Tak suwun muga sliramu enggalo pikantuk
    Gegantilaning ati pinangka sulihku..

    **********
    katresnan ora mesti kudu nduweni 😥 …*nempil sithik wae..*

  2. geguritan kang sarwa endah, pak tomy. tetembungan kang karacik nuwuhake rasa trenyuh ing thelenging kalbu, tuwuh rasa pangrasa marang sapdha-padha, moga bisa ginayuh samubarang pangangen-angen, bisa mbingkas karya.

    **********
    matur nuwun Pak Guru
    mugi kasembadan ingkang sami kagadhang

  3. garuk-garuk kepala..hehehe….artinya apaan yah.9 met sore,mas.)

    *********
    artinya dalam cinta kan kautemui kesejatian dirimu yang indah adanya 😀 sugeng sonten Mas Paundra

  4. ah manis sekali intinya: dalam cinta kau temui kesejatian dirimu yang indah adanya…

    *********
    hihi jadi malu

    yup, cinta banyak membuat kita belajar tentang keindahan. meski perih adalah wajah lain dari cinta, tetap saja kita bisa belajar. Dengan merasakan perih kita akan tahu makna keindahan…

    **********
    pengajaran yang keras adalah satu bentuk kasih

    selamat kembali ngeblog, mas hehhehehhe

    **********
    matur nuwun Mbak Icha :mrgreen:

  5. katrisnan kui bostere wong urip
    pertama ora trisno mergo raket terus
    dadi trisno, terus ra leren-leren…..
    yo katresnan sumbere tenogo
    sumbere slamet lan kejayan

    **********
    pancen bener kandhamu kuwi Kang

  6. Trisno itu pak erte saya je kok malah dibawa-bawa kesini, malah pak trino itu sekarang lagi marah-marah karena sarungnya di gerogoti tikis pithi anaknya banyak.

  7. Trisno itu pak erte saya je kok malah dibawa-bawa kesini, malah pak trisno itu sekarang lagi marah-marah karena sarungnya di gerogoti tikis pithi anaknya banyak.

  8. @jeng pratiwi.

    lha sarunge pak trisno ora tau diumbah .. dadi mambu pace… digrogoti tikus pithi.. hehehe, bengi dienggo.. awan cantholke.., bengi disarungke.. awan digantung… suwe suwe mambu diparani tikus pithi.. we.. lhadalah… jarene ” pak’e…. copot sarunge.. arep tak emut…, masa sarung diemut tho…? huehehe…

Tinggalkan komentar