PANGRUWATING PANCENDRIYA

Standar

Pethikan Kitab Sastra Cetha

Amangsuli tembung Pancen Driya (Pancadriya), senajan sampun sami dipun sumerepi, nanging menggah ing salokanipun, punapa dene dunungipun, kinten-kinten taksih awis-awis sanget ingkang ngawuningani, mila perlu ing ngriki kedah katerangaken. Inggih punika makaten :

Kasebut ing Serat Mahabarata bageyan ing Adiparwa, kacariyos Dewi Drupadi punika dados garwanipun Pandhawa Gangsal, sarta saking garwa wau sami peputra satunggal-satunggal. Para Raja Putra wau kasebut Pancabala, Pancawala, Pancakumara lan ugi Pancabalawitiya.

Tegesipun Pancabala = anak jaler gangsal, Hadiwitiya = pinunjul tanpa timbang. Inggih Pancabala Hadiwitiya punika ingkang dados pralampitaning Pancadriya. Raja putra gangsal wau, putra saking Prabu Yudhistira nama Sang Pretiwindya, kangge pralambanging paningal, saking Sang Werkudara asma Sang Sotasoma, kangge pralambanging pangganda, saking Sang Arjuna nama Sang Sutakirti kangge pangumpamening pamiyarsa, saking Sang Nakula nama Sang Sutanika kangge sanepaning raosing ilat, saking Sang Sadewa nama Sang Srutakarma kangge pralampitaning rasaning anggota (badan).

Ing ngajeng sampun kasebataken bilih tembung pancadriya punika saking luluhing tembung pancen driya ingkang wusananipun lajeng mingsed dados mungel panca driya. Dene pancadriya wau kakinten namung wonten gangsal. Milanipun saged ngantos kedadosan ingkang makaten punika, jalaran saking ingseding tembung wau dereng dipun sumerepi. Dene yen leresipun pancadriya inggih pepancening karsa punika wonten nem : inggih punika Sad Rasa, Sad lan Rasa, jarwanipun rasa nem. Dados tumrap ingkang sampun dipun sumerepi ing ngakathah taksih kirang satunggal, inggih punika wontening pamicara. Ing ngriki sampun jangkep nem, inggih punika : pangganda, paningal, pamiyarsa, raosing ilat, raosing badan, pamicara.

Wondene wontening pamicara, lajeng dipun pralambangi Sang Gathutkaca, inggih punika putranipun Sang Werkudara, patutan saking Dewi Hidimba (Arimbi), sebab sakderengipun Pandhawa dhaup kaliyan Dewi Drupadi, Sang Werkudara anggarwa Dewi Hidimba patutan satunggal inggih punika Sang Gathutkaca.

Dene Sang Gathutkaca anggenipun boten kalebet dados putranipun Retna Drupadi, sebab Retna Drupadi punika kangge pralambangipun Gesang (Urip). Mila Retna Drupadi tetep namung  peputra 5 (gangsal), kasebut Pancabala Hadiwitiya, ingkang dados pralambanging : paningal, pangganda, pamiyarsa, raosing ilat lan raosing badan. Dene sedaya wau sanyata sami kedadosan saking purba wasesaning gesang (Drupadi). Nanging gesang boten saged damel Wicara, kajawi namung saged damel swara.

Kasunyatanipun, lare saged micara (wicanten) punika tetela saking ajaraning jajahrana lan saking pasrawungan, ingkang lajeng tinampen ing indriya gangsal wau. Mila yen lare wiwit lair boten sesrawungan kaliyan tiyang, tamtu dados bisu.

Mangsuli Sang Gathutkaca, kajawi dados pralambanging wicara, ugi lajeng dados pralambanging swara. Dene swara wijangipun dados wicara, kedah kaolah dening indriya gangsal. Mila senajan Sang Gathutkaca punika kacariyos dados putranipun Pandhawa ingkang pambajeng saking Sang Werkudara, nanging sejatosipun dados putra wuragil.

Putranipun Dewi Drupadi saking sang Werkudara nama Sang Sotasoma, kangge pralambanging pangganda, dene Sang Gathutkaca ingkang kangge pralambanging swara lan wicara.

Menggah wontening pangganda punika kasunyataning napas, makaten ugi wontening swara lan wicara, sedaya wau tetela kadadosan saking lampahing hawa kapralambangaken Sang Werkudara. Dados Sang Sotasoma lan Gathutkaca sami putranipun Sang Werkudara, menggah pikajengipun : amastani bilih napas lan swara punika kedadosan saking hawa, mila yen cangkem mingkem irung kapithes, anglengkara yen kita saged wicanten, sarta yen ngantos sawatawis dangunipun tamtu lajeng karawuhan Sang Hyang Yama, amargi kaoncatan Sang Hyang Maruta, inggih nama pejah.

Kasebut Sang Gathutkaca karma angsal Dewi Pregiwa, tembung Pregiwa, panggarbaning tembung PREGI HAWA, tegesipun pregi = perawan = paraban = prabon = sorot, tembung prawan ugi darbe teges = suci utawi urip, tembung pregi ugi teges = tuk = panggenan utawi wadhah, tembung hawa sampun kajarwa.

Gathutkaca sampun kasebut ing ngajeng yen dados pralambanging wicara lan swara, mila Gathutkaca saged miber tanpa lar, mletik tanpa sothang, sarta kacariyos Sang Gathtukaca bilih wonten ing mega malang sami kaadhep para bledheg, awit Sang Gathutkaca wau dados ratunipun bledheg.

Menggah sejatosipun ingkang dados bledheg punika inggih Sang Gathutkaca piyambak, amargi bledheg punika inggih swara, dene purwanipun saking tempuking hawa anggenipun Pregiwa dados bojonipun Gathutkaca, mengku pikajeng amastani bilih wontening swara wau punika kanyatakaning hawa, dene hawa punika inggih swara, utawi hawa punika ingkang amadhahi swara, sarta inggih hawa punika ingkang ngawontenaken swara.

Sedherekipun Dewi Pregiwa nama Pregiwati, punika kagarwa Sang Pancawla (Pancabala Hadiwitiya). Tembung pregi sampun kajarwa, dene tegesipun wati = rasa. Mengku suraos = rasa ingkang suci utawi panggenaning rasa. Inggih wadhahing rasa.

Dene Pancawala kasebut DEWA LELIMA, inggih punika Sang Pretiwindya, Sang Sotasoma, Sang Srutakirti, Sang Sutanika, Sang Srutakarma, punika sampun kajarwa ing nginggil bilih dados pasemoning Pancendriya (indriya gangsal), ingkang katelah nama Pancadriya.

Dados yen makaten, Pregiwati anggenipun dados garwaning Sang Pancawala darbe teges : indriya gangsal punika rasa ingkang suci, tembung suci ing ngriki ateges urip utawi langgeng.

Gathutkaca Gugur

Kasebut ing Serat Baratayudha para putranipun Dewi Drupadi gangsal pisan inggih Sang Pancawala sami kapejahan dening Sang Aswatama nalika lampah dhusta ngamuk ing pakuwon Pandhawa, dene Sang Gathutkaca pinejahan dening Sang Karna, tegesipun Pancawala lan Gathutkaca sampun kajarwa ing nginggil.

Dene tegesipun Karna = kuping, mangertosipun : wontening wicara ingkang boten saged tinampen dening talinganing ngasanes, amargi sampun kasumerepan kacidranipun, punapa dene bilih talingan kita boten purun kapanjingan utawi kelu dhateng swara kadoracaran wuwus kacandhalan lan sesaminipun, punika nama pejahing swara lan wicara, inggih ateges Sang Karna mejahi Sang Gathutkaca.

Dene Aswatama kangge pralambanging MANGSAH SAMADI. Mila sayogyanipun kita samiya anindakaken ulah samadi ing sak kuwasanipun, murih pepancening indriya kita inggih Sang Pancabala Hadiwitiya (Pancawala) saged pejah, ateges boten ketaman dening kumayaning sad guna inggih pepenginan nem prekawis. Menggah pepinginan nem prekawis wau, inggih ingkang among karsa utawi ingkang mituruti karsa. Wejanganipun kados ing ngadhap punika :

  1. Paningal (Sang Pretiwindya), anjurungi karsa aneningali wewarnen ingkang sarwa edi peni.
  2. Pangganda (Sang Sotasoma), mituruti karsa angambet gegandan ingkang amrik arum mangambar-ambar.
  3. Pamiyarsa (Sang Srutakirti), among karsa amiling-melingaken pamirnging swara ingkang sakeca angranging anganyut-anyut, langkung-langkung pangrintihing swara sak lebeting pulang asmara.
  4. Pangraosing ilat inggih pangenyam (Sang Sutanika), angumbar karsa raosing sawarnining dhedhaharan tuwin unjukan ingkang sarwi miraos.
  5. Pangarosing anggota (Sang Srutakarma), anguja karsa sekecaning salira (kesed, sungkan lan sesaminipun) langkung-langkung malih pangujaning raos kanikmatan asmara.
  6. Wicara (Sang Gathutkaca), anjurungi karsa wedaling wicara utawi swara sereng kadosta : napsu, muring-muring, srengen, lan sesaminipun. Dene wedaling wicara ingkang manis arum anuju prana, naming yen kapinujon amawa pamrih, ateges wicara ingkang lelamisan. Mila Sang Gathutkaca ngagem tlumpah madu kacarma, tegesipun madu = wedaling wicara ingkang manis arum, kacarma = ka-awak, pikajengipun amastani ingkang pangawak madu. Ananging pangawak madunipun Sang Gathutkaca inggih wedaling wicara ingkang manis arum kadi madu pinastika punika mesi darubesi ingkang sakalangkung mandi, sinten kirang waspada, bilahi ingkang pinanggih.

Para Rajaputra ing nginggil kajawi Gathutkaca, sami sirna dening Aswatama. Dene Sang Aswatama para mardibasa sami anegesi = anak kapal, kapendet saking tegesipun Aswa = kapal, tama = anak. Yen pikajengipun pralampita boten makaten, nanging tembung aswa = kapal paprangan, dene tegesipun tama = utami = prayogi = sae.

Menggah kapal punika dados tetumpakan sesaminipun, kados dene sepur, motor, kreta lan sapanunggalanipun, ingkang sedaya wau dados pirantining pangater-ater utawi pangiring, darbe kajeng tumrap sakathahing pirantos ingkang saged andumugeni panedya.

Dados tembung Aswatama darbe teges : tumpakan ingkang utami, utawi pangater ingkang sae tuwin prayogi. Dene tumpakan utawi pangater punika darbe raos sami kaliyan piranti, sarta piranti ugi darbe pikajeng sami kaliyan pandamel.

Saking katerangan punika dados tembung Aswatama samangke langkung sumeleh yen dipun tegesi “PANDAMEL INGKANG UTAMI”. Mila kasebut ing serat Baratayuda Aswatama darbe pusaka saking tiyang sepuhipun inggih Sang Durna, pusaka wau nama Cundhamanik. Tegesipun Cundha = cundhuk, manik (mani) = rahsa, dene tembung cundhuk darbe pikajeng sami kaliyan tembung cocok = gathuk = tunggil = awor, suraosipun : tunggil rahsa, inggih anunggilaken rahsa utawi moworing rahsa. Jarwa tetiga punika ingkang kapilih lan saged amadhangaken panggalih.


Kasebut Aswatama mijilo saking Dewi Wilutama ingkang malih kapal sembrani sarta saged miber. Dene tegesipun Wilu = toya. Toya kangge pasemon piwulanging kawruh. (golek banyu bening = golek kawruh). Tama = utami, suarosipun : PIWULANGING KAWRUH INGKANG UTAMI, anggenipun saged mabur, kangge pralambang sumengkaning napas kita tumameng ing susuhunan (embun-embunan) inggih pandamel mangreh panjing wijiling (mlebet wedaling) napas punika kawruh ingkang utami piyambak.

Wondene ingkang kasebut perangipun Arjuna mengsah kaliyan Aswatama, kekalihipun ngedalaken senjata Brama, punika kangge pangumpamen, kita anadangaken pandamel, upami kita nedya angraosaken prabawa, mangka kapinujon mangsah kita inggih drabe aji wau, yen makaten temah lajeng pur kemawon. Nanging sanyatanipun ingkang mesthi kasoran ing prabawa, punika pundi ingkang ngenggeni lepating pandamel.

Dene ingkang kasebut pasinten ingkang kadhawahan jemparing wau dados boten wonten jawah salebeipun kalihwelas taun, punika pralambangipun tiyang ingkang kinasoraken saking dayaning pamandeng tamtu ical kaengetanipun (kawruhipun). Dene jawah kangge pralambang kawruh, kapirid saking tembung jawah = udan = udani = ngawruhi.

Ingkang kasebut sesampunipun Aswatama masrahaken senjata Cundhamanik dhateng Arjuna sebab saking kawon perangipun, lajeng kasabda dhateng Bathara Kresna, yen Aswatama kedah kesah ambraung ngantos tigang ewu taun laminipun. Menggah jarwanipun makaten : ulah samadi punika pikajengipun kita anggriyakaken paningal dumunung salebetipun paningal, tegesipun : paningal kita ingkang medal, punika kalebetaken ing telenging paningal murih boten sumerep punapa-punapa. Dene telenging paningal punika enggen raosing gesang kita ingkang sejati.

Dados menawi kita boten anindakaken ulah samadi, punika gesang kita kaumpamekaken ambraung, sebab boten nate mantuk utawi angenggeni griya kita ingkang sejati kados ingkang kasebut ing nginggil.

Makaten ugi ingkang kasebut Cundhamanik wonten ing Arjuna nanging boten karimat, awit Arjuna muhung katungkul amuja Dyah Banowati kemawon. Cariyos ingkang makaten punika inggih naming kangge pralambang  kita ingkang lirwa dhateng panindaking pandamel samadi.

Punapa malih ingkang kasebut pusaka wau, Aswatama nampi saking Bapa Durna lan Bapa saking Bathara Guru. Punika kangge pasemoning kawruh wau, bilih sanyatanipun kita boten saged pikantuk saking pagelaraning Sastra utawi piwulanganing Guru.

Dene pikantukipun kawruh wau punika kedah saking pepadhanging kaengetan kita pribadi, sagedipun pinaringan pepadhanging gesang kita pribadi, manawi tinarimah samadinipun, kuwasa anumbuhaken maworing Kawula Gusti.

2 responses »

  1. sedikit alternatif usulan:
    aswatama; haswatama sehingga sering disingkat hasta atau hasto.
    sehingga sering banyak terdengar istilah pemimpin bertangan besi atau ada istilah lain juga pemimpin bertangan dingin, simbolik warna-warni sifat menuju kepemimpinan diri. sambung sinambung kan?? hehee …
    setiap pemimpin, mau disebut tangan besi atau dingin atau apalah .. musti kudu nduweni Panca yaiku bisa ngerti Empan lan Papanne lan biso Ngecak’ake.
    nuwun.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s