PANCADRIYA PEPANCENING KARSA

Standar

Kapethik saking Kitab Sastra Cetha

Temptation of Sage Wisrawa and Dewi Sukesi


Amratelakaken kawruh pasamaden ingkang sanyata langkung ageng pigunanipun ingkang kasebut SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU.

Tegesipun :

  • SASTRA = empaning kawruh,
  • JENDRA = saking panggarbaning tembung Harya Endra, tegesipun Harya = raharja, Endra = ratu = dewa,
  • HAYU = rahayu = wilujeng,
  • NINGRAT = jagad = enggen = badan.

Suraosipun  : mustikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon, karaharjan, katentreman lan sapanunggalipun.

Dene tegesipun PANGRUWATING DIYU inggih amalihaken diyu, dene diyu = danawa, raseksa, asura, buta, punika kangge pasemoning piawon, penyakit, rereged, bebaya, pepetang, kabodhowan lan sesaminipun. Mengku suraos : amastani ingkang saged anyirnakaken saliring piawon tuwin samubarang bebaya pakewed.

Mangertosipun sinten ingkang tansah ajeg lumintu anindhakaken laku samadi bilih suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun malih dados tiyang sae lampahipun. Tiyang sakit sirna sakitipun, dados waras. Tiyang murka daksiya lajeng narimah sabar welas asih. Tiyang goroh lajeng dados temen. Tiyang bodho dados pinter sanget. Mekaten ugi tiyang golongan sudra dados waesa, waesa dados satriya, satriya dados brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira bathara.

Gampilipun sawarnining kapiawonan tuwin saliring godha rencana bebaya pakewed punapa kemawon ingkang tuwuh saking kacidraning manah pribadi, punika sedaya sirna lebur dening pangastuti ulah samadi inggih mesu cipta amurmeng pandulu maworing kawula gusti.

Kajawi saking punika supados kita saged kasembadan punapa ingkang kados kasebat ing nginggil, kita kedah taberi manekung samadi, ameleng amesu cipta sedhakep suku tunggal nutupi babahan nawa sanga, tuwin telatos anggen kita angruwat sakathahing sesuker lan beladering pancadriya.

Wontenipun tembung nutupi babahan nawa sanga wau kangge ucap-ucapanipun Nata Dwarawati utawi Sang Arjuna manawi kaleres samadi manages ing Dewa. Inggih saking tembung punika wau ingkang dipun ugemi sarta lajeng dados pamanggihing umum, inggih sejatosipun namung pasemon utawi pralambang. Ananging menggah sejatosipun kita boten saged yen anutupana salah stunggal kemawon saking babahan nawa sanga wau. Liripun : upami kita nutupi grana margining napas, ing mangka lampahing napas punika ingkang dados tetekening ulah samadi. Sebab napas punika ingkang dados tetangsul utawi dados wahananing gesang kita. Mila yen grana kita kalantur dipun tutupi saestu badhe dumugi ing jaman sakaratil. Dados nutupi babahan nawa sanga (bolongan sanga) punika tetela saking kalintuning panampi tandha yektinipun saweg nutupi bolongan setunggal kemwon yekti tamtu boten saged tumindak.

Dene ing sak leresipun tembung NAWA SANGA inggih punika :

hawa – song – nga, wetahipun kedah mungel nutupi babahan hawa, song = kosong, nga = kosonga = kosongna. Suraosipun sedaya margining hawa napsu sami kakosongna, ateges sedaya bolongan sampun ngantos dados margining hawa napsu.

Dene margining hawa napsu wau winastan INDRIYA utawi PANCADRIYA, inggih paningal, pamiyarsa, pangambu, raos ilat tuwin raos badan. Tembung Pancadiya leresipun mungel PANCEN INDRIYA, wusana aksara I = Hi, luluh dhateng Ca = tja, kantun mungel Pancen Driya, tegesipun PEPANCENING KARSA, inggih ingkang nyediyani, anjageni, angladosi tuwin among karsa.

Menggah ingkang AMONG KARSA punika sejatosipun wonten 6 (nem) ingkang satunggal inggih punika pamicara, mila lajeng jangkep tembung SAD INDRIYA, utawi Indriya Nem (ing candra sengkala watak nem, tembung Sad Rasa, Sad Guna, Sad Gana, tegesipun Rasa Nem).

Kasebat ing Mahabarata Wanaparwa ing perangan Arannyakaparwa, Sad Indriya wau lajeng winastan TAMAN LELANGENING INDRIYA NEM. Ing ngriku katetepaken panggenan ingkang dados ugering pamarsudi lan sesanggeman. Mangertosipun, kita kedah marsudi dhateng widagdaning pamepes pangrubedaning Pancen Driya nem perkawis kados kasebut ing nginggil.

Dene pambrastaning temtu boten saged sampurna namung lajeng kapiyagah kemawon sareng-sareng kaliyan nalika kita mangsah samadi. Wondene inggih wonten ingkang ngaken saged angruwes sarta amiyagah, pangaken makaten wau tangeh leresipun. Awit saumpami kita angengarang, punika punapa saged kalampahan mangsi saking wadhahipun lajeng kaesokaken ing dlancang kemawon lajeng saged dados ukara tuwin tembung ingkang kita kersakaken? Mesthinipun boten.

Menggah pambrastaning pancadriya wau, sanyata boten saged sami kaliyan Hyang Pawana ingkang kuwasa ambuncang sakathahing pedhut ingkang anggendanu wonten ing natariksa. Nanging kedah mawi sarana tata titi,m telatos, atul sarwa ngatos-atos dhateng saliring pakari punapa kemawon, sarta katindakaken saben dinten wonten samadyaning pasrawungan.

Mila makaten awit ing salami-laminipun, ing salebeting cipta punika sampun kaisenan dening sesuker tuwin beladering pepinginan lan kamelikan. Ingkang makaten punika wau sampun samesthinipun kemawon yen sucinipun cipta katemah lebur sumawur sirna gempang tanpa tilas, kekantukipun namung awujud Gandana-Gandini ingkang banger bacin balrungan sapurug-purug, inggih wontenipun ganda amis ingkang manuksma wonten salebeting cipta wau punika ingkang tansah kita resiki ing saben dintenipun, srana tirtaning kawikcaksanan kanthi kasantosaning pangesthi.

Tetuladhanipun kados dene Sang Raja Putri Wiratha Dewi Durgandini sedherekipun Sang Durgandana. Tembung Durgandini tuwin Durgandana tegesipun ganda awon, mila  Dewi Durgandini ugi peparap Lara Amis, sesampunipun dipun jampeni dening Begawan Palasara, lajeng sirna memalanipun (sirna piawoning pandamelipun), nunten gantos naminipun peparap Dewi Gandawati nenggih Setiyawati, tegesipun : arum pangambaring gandanipun angebaki saindenging cakrawala (sayojana).

Menggah pikajengipun : menawi sampun sanyata kuwasa ambrasta sesukering indriya, tamtu lajeng boten saged kenging pangrubeda sakathahing pandamel ingkang tuwuh saking kumayaning Sad Guna kasebut ing nginggil.

Liripun : kita wonten jagading pasrawungan boten ambedak-bedakaken satru utawi mitra, cipta kita kuwasa nanggulangi panempuhing satru ingkang maujud wanodya ingkang mameraken kaendahaning warni tuwin kasulistyan lan wiraganing tenaganipun, ing satemah teguh kataman jemparinging Sang Hyang Asmara.

Sesotya raja brana namung kasamekaken beling utawi wingka, swara ingkang mardumarduwa ingkang linindhung gambang cemplung boten beda kaliyan swaraning grobag ing gragalan. Boten karem ing pangalem, boten geseng ing latuning kadoracaran. Gandaning ratusweda lan jebad kasturi saestu sami kaliyan gandane bangke ingkang bosok, boten pisan-pisan angisep-isep dhateng saliring akdurakan, pangrubedaning ilat saking saliring kanikmatan, boten pisan dipun kenyami. Dene wedaling swara manis arum anuju prana kadosdene madu pinastika tansah andamel kamartaning sasana, kadoracaran tuwin wuwus kacandhalan boten pisan kaucapaken, saliring pangandikan terus terang pratitis, nyata ing ndalem cipta tansah suci ngumalawening punapa dene boten pisan angemot piawon sanajan sawiji-wiji.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s