Dhedhep tidem perbawaning ratri
Anglangut ati bebasan tanpa tepi
Amung marang sliramu sawiji
Katresnanku duh wong ayu Sri Gadung Melati

Sasat kaya anyumpena
Sukma amekak hawa
Jumangkah teguh ing karsa
Nglambrang tumekeng sawenehing tlaga
Lha kae bocah-bocah bajang padha lelumban
Gegojegan ngupeng awakku
Malih kabuntel pedhut wewayangan
Ninggalake swara gumuyu
Alon…
Ampak-ampak sumilak
Ngatonake cahyamu kang sumunar
Duh wong ayu Sri Gadung Melati
Tetembangan kidung kekesing ati
JAGAD SINIGAR DADI KALIH
SAWENEH ANA KANG NANGIS
SAWENEH ANA KANG GUMUYU
BINARUNG KUMARANING TRISULA WEDHA
AMBUKA MARGI
Damar kanginan kekembeng waspa netramu
Katetangi tangis angruket kenceng anggaku
Cup menenga Sih Kusuma
Perihing atimu aku bakal luru tamba
Ing ngendi esemmu kang ngujiwat
Kang gawe atiku sigar mrapat?
Kawiled nelakake rasa kapang
Kebak asih tak aras panas lathimu
Manjing cahya gumilang
Kedadak murca sliramu saka pandulu
Duh wong ayu Sri Gadung Melati
Angles puthes kapepes
Mbengok sora roganing ndriya
Lamat-lamat…
Keprungu swaramu kekidung lagu
Ruruh manis manohara tumancep kalbu
Gebyaring jagad pindha manising madu
Amung samudana nulya aywa den pepetri
Mukti wibawa amung sesinglon
Regeding kalbu getering nafsu
Kabeh wus kapupu
Sayekti sanes ingkang sejati
Duh kakang sang pekik warna
Katresnan kula sesandhing klawan ndika
Manuksma garudha kang aneng dhadha
Nglajengaken lelampahan para minulya
Gerimis tumiba riwis-riwis
Katresnanku amung sliramu sawiji
Teguh tanggon angganti rasa miris
Duh wong ayu Sri Gadung Melati