~HA~
Hangidunga piwelinge Kaki,
Sabda Palon Pamong Nusantara,
Ameca kasengsarane,
Rakyat Nusa sedarum,
Nampi panodhining Hyang Widhi,
Kalambangnya wong nyabrang,
Prapteng tengah katempuh,
Santering kali kang bena,
Yeku ing Gapura Sapta Ngesti Aji (1879),
Keh jalma samya lena.
~NA~
Nandang mrata sak Tanah Jawi,
Dadi kersane kang Murbeng Alam,
Meruhna para kawulane,
Lamun jagad punika,
Mengku Pangeraning Ghoib,
Nraju becik myang ala,
Kang nandur angunduh,
Nandang wohira priyangga,
Den alamna kinarya amratandani,
Jagad ana kang ngasta
~CA~
Carane kang paring panodhi,
Warna-warna wujuding bebaya,
Angrusak tanah Jawane,
Wong glidig datan ngukup,
Nambut karya datan nyukupi,
Priyayi padha kapiran,
Saudagar padha ambruk,
Tetanen akeh kang sirna,
Rinusakan ama katerak paceklik,
Abot uriping jalma.
~RA~
Raharjaning bumi sirna yekti,
Mubaling ama sakelangkung ndadra,
Tuhu agung rerususuhe,
Keh pandung panci dalu,
Tan tentrem uriping jalma,
Ing rina akeh begal,
Dha rebut-rinebut,
Risak tataning sujanma,
Negari kewran anggenira ngadani,
Jalma tan ajrih pidana.
~KA~
Kalampah dumugi tigang warsi,
Jalma isih jroning heru-hara,
Rebutan sandang pangane,
Lali sanak sedulur,
Amarga tan tahan perihing ati,
Lali anggering praja,
Amung mburu napsu,
Gya ketungka praptanira,
Pagebluk kang linuwih sak tanah Jawi,
Akeh kang samya pralaya.
~DA~
Dadya girising pra setan sami,
Kesandung bae nemahi lena,
Mangkiya wujuding dadine,
Udan barat angin gung,
Kayu geng rebah mblasah sami,
Kali-kali dha bena,
Nggirisi satuhu,
Kadya benaning samodra,
Kang tinerak datan saged nanggulangi,
Larut amblas myang sirna.
~TA~
Tanda ingkang luwih nggegirisi,
Alun samya munggah ing daratan,
Angrisak tepis wiringe,
Karya getering kalbu,
Ingkang dumunung kanan kering,
Kayu-kayu keh kendang,
Padha sirna larut,
Sela ageng samya mbrasta,
Gumalundung balabag katut keli,
Gumlendung swaranira.
~SA~
Sakathahing hardi agung sami,
Nggegiri urubing dahana,
Gumaleger suwarane,
Mutah wlahar myang watu,
Mblabar ngelebi kanan-kering,
Nrajang wana lan desa,
Manungsa keh lampus,
Kebo sapi gusis samya,
Raja-kaya datan wonten ingkang keri,
Tan ana manggih puliha.
~WA~
Wasana sanget horeging bumi,
Ana lindu ping pitu sedina,
Karya angrusak jalmane,
Dha nela sitinipun,
Brekasakan sami angeksi,
Anyarat sagung jalma’
Samya pating gluruh,
Kathah ingkang nandang raga,
Warna-warna panggoda lawan sesakit,
Langka waras keh lena.
~LA~
Lah mangkono karya tetenger neki,
Ingwang prapta aneng Nusa Jawa,
Maujud tengah rakyate,
Kinanthi anak putu,
Wujud brekasakan myang demit,
Sun sebar kawruh nyata,
Agama satuhu,
Ameruhna mrang makripat,
Gami budi nenggih Islam kang sejati,
Agemannya sang sukma.
~PA~
Papestining Nusa tekan janji,
Yen wus jangkep limang atus warsa,
Kapetung jaman Islame,
Nusa bali marang Ingsun,
Jawi Budhi madep sawiji,
Sapa kang ngemohana yekti nampi bendu,
Sun oyakan putuningwang,
Dadya pratanda praptaning tundan-demit,
Nggegila myang nglelara.
~DHA~
Dha weweka jaman tundan-demit,
Haywa angiderna ngelmunira,
Nedya nglawan demite,
Sira yekti ginuyu,
Dening pra demit putu mami,
Haywa nandang yudha,
Ananjakna ngelmu,
Myang sarana marupa-rupa,
Kabeh iku tan pasah ing awak demit,
Mbalik anyabet sira.
~JA~
Jangkaning Nusa wus aweh wangsit,
Wineca dening jalma waskita,
Ing primbon Jayabayane,
Jalma tan pungguh wutuh,
Wineca sirnanya sepalih,
Dene ingkang waluya,
Perlu samya weruh,
Isarat nulak bebaya,
Mung netepi dharmaning urip sejati,
Wasitanya pra kuna.
~YA~
Yaiku sahadat kang sejati,
Ameruhi dununge Sang Gesang,
Ing teleng jiwa ragane,
Lamun tan bisa weruh,
Takokna guru kang sejati,
Kang wus putus kawruhnya,
Wikan manjing alus,
Bisa ngajal jroning gesang,
Wuninga sangkan paraning dumadi,
Perlu sira upaya.
~NYA~
Nyatakna yen sira wus winirid,
Kabeh wasitanya gurunira,
Meruhna ing makripate,
Manungsa urip iku,
Suket ing wana petaneki,
Yen wus tumekeng mangsa,
Ginaru kaluku,
Ingkang nlesep selanira,
Yeku jalma kang wruh sahadat sejati,
Wisikane sang sukma.
~MA~
Manawa sira anyulayani,
Marang geguritaning Sang Gesang,
Yekti abot pidanane,
Urip iku satuhu,
Nggawa reng-renganing Hyang Widhi,
Kodrat datan anyidra,
Marang kersa Agung,
Lamun wus tumekeng mangsa,
Geguritaning Gesang mbabar dumadi,
Laksita madyapada.
~GA~
Gagaring sahadat sejati,
Karsa lamun urip iku tunggal,
Tunggal myang kabeh sipate,
Gelaring jagad iku,
Pratanda agunging Hyang Widhi,
Kwasa nganakake jagad,
Myang kwasa angukud,
Paranipun kabeh sipat,
Marang sangkane yeku Sumbering Urip,
Purwanira dumadi.
~BA~
Babaring Gesang wujud dumadi,
Anggelar sawernaning agama,
Mrata para umate,
Tumeka wancinipun,
Pra umat ngungkurna agami,
Kang sih ngrasuk agama,
Tan wruh kang satuhu,
Amung nyekeh srengat,
Sunyataning agama tan urip ning ati,
Ngrasuk blongsong kewala.
~THA~
Thathit sliweran ning Nusa Jawi,
Pratanda Ingwang numedakna,
Nyampurnakna agamane,
Mbalikna myang kang tuhu,
Anyebarna Islam Sejati,
Dhuk jaman Brawijaya,
Ingsun datan purun,
Angrasuk agama Islam,
Marga Ingwang wuninga agama iki,
Nlisir saka kang nyata.
~NGA~
Ngelingna marang umat sami,
Yen sira tan ngetut kersaningwang,
Yekti abot panandange,
Ingsun pikukuhipun,
Nusantara ing saindenging,
Bawana sisih wetan,
Asia puniku,
Kasigeg nggeningwang nyabda,
Kasabdakna mrang bawana wadag iki,
Lumantar Panembahan GIRIMAYA.